Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 23:5-7 Kitab Sutji (JAV)

5. Nanging Pangeran Yehuwah ora karsa nyembadani marang Bileam, malah ipat-ipate diwalik dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, dadi berkah awit Pangeran Yehuwah. Gusti Allahmu, ngasihi marang kowe.

6. Bangsa loro mau aja kokarah tentreme lan becike, sajegmu urip nganti salawas-lawase.

7. Bangsa Edom iku aja kokanggep jember, awit iku sadulurmu. Wong Mesir iya aja kokanggep jember, marga kowe biyen padha dadi wong neneka ana ing nagarane.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 23