Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 23:15-25 Kitab Sutji (JAV)

15. “Batur tukon kang minggat saka ing bendarane ngungsi menyang ing panggonanmu, iku aja kokpasrahake bali marang bendarane,

16. kareben manggon amor kowe ana ing tengahmu, ing panggonan kang dipilih ana ing salah sawijining panggonanamu kang dikira becik; aja koktindhes.”

17. “Ing antarane para bocah wadon ing Israel aja ana kang dadi sundel-pangibadah; lan ing antarane wong lanang ing Israel aja ana kang dadi jindik-pangibadah.

18. Opahe wong tuna-susila sarta dhuwit opahane pajindikan aja nganti koklebokake ing pedalemane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo netepi salah sawijining nadar; awitdene iku jember tumraping Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”

19. “Aja njaluk anakan marang padha sadulur; dadia anakane dhuwit utawa bahan pangan utawa apa bae kang kena dianakake.

20. Wong bangsa liya iku kena kokjaluki anakan, nanging sadulurmu aja kokjaluki, supaya kowe diberkahana dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mungguh sabarang apa kang koktandangi ana ing nagara kang kokleboni lan bakal kokejegi.”

21. “Manawa kowe ngunjukake punagi marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggonmu ngluwari aja pijer semaya, awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mesthi bakal nagih marang kowe, temah bakal dadi kaluputanmu.

22. Nanging manawa kowe ora nglairake punagi, iku kowe ora bakal nandhang dosa.

23. Apa kang kawetu saka ing lambemu, iku tetepana kalawan setya, amarga kalawan manasuka anggonmu nglairake nadar ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bab kang wus kokucapake kalawan cangkemmu dhewe.”

24. “Manawa kowe liwat ing pakebonan anggur duweke pepadhamu kowe kena mangan wohe anggur sawaregmu, mung bae aja koklebokake ing wadhahmu.

25. Manawa kowe ngliwati pagandumane pepadhamu kang durung dieneni, kowe kena methik wewulene kalawan tanganmu, mung aja nganti namakake arit marang gandume pepadhamu iku.” edit 1: fajar 13.12.01

maca bab lengkap Pangandharing Toret 23