Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 23:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. “Wong kang pringsilane remuk, utawa kang kawirangane kapagas, iku ora kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah.

2. Anak jadah ora kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah, nganti turun kang kaping sapuluh iya ora kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah.

3. Wong Amon lan Moab ora kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah, malah turune kang kaping sapuluh iya ora kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah salawas-lawase;

4. awit padha ora mapag marang kowe kalawan nyuguh roti lan banyu nalika kowe padha lumaku metu saka ing tanah Mesir, apadene marga anggone ngopahi Bileam bin Beor saka ing Petor ing tanah Aram-Mesopotamia, supaya nglawan kowe, yaiku supaya ngipat-ipati kowe.

5. Nanging Pangeran Yehuwah ora karsa nyembadani marang Bileam, malah ipat-ipate diwalik dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, dadi berkah awit Pangeran Yehuwah. Gusti Allahmu, ngasihi marang kowe.

6. Bangsa loro mau aja kokarah tentreme lan becike, sajegmu urip nganti salawas-lawase.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 23