Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 20:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. “Manawa kowe nglurug perang nglawan mungsuhmu, mangka kowe weruh ana jaran lan kreta, yaiku wadya-bala kang kehe ngungkuli kowe, kowe aja wedi, amarga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir iku nunggil karo kowe.

2. Anadene samangsa kowe arep padha mangsah perang, salah sijine imam banjur majua mituturana marang wadya-bala,

3. iku dikandhanana mangkene: He wong Israel, padha ngrungokna, kowe saiki arep perang nglawan mungsuhmu, atimu aja lembek, aja wedi, iya aja miris lan aja gumeter,

4. marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang tindak nyarengi lakumu lan nyarirani perangmu nglawan mungsuhmu, awit karsane arep maringi kaunggulan marang kowe.

5. Para panggedhe tumuli mituturana marang wadya-balane mangkene: supaya panunggalanmu kang mentas ngadegake omah anyar, nanging durung nganti ngenggoni, iku mundura, muliha menyang ing omahe, supaya manawa mati ana ing paprangan, aja nganti omahe mau dienggoni wong liya.

6. Lan sapa panunggalanmu kang mentas gawe pakebonan anggur, mangka durung nganti mangan wohe, iku mundura muliha menyang ing omahe, supaya manawa mati ana ing paprangan, aja nganti wohe dipangan wong liya.

7. Lan panunggalanmu kang wus pacangan karo wong wadon, mangka durung nganti kaningkah, iku kena mundur mulih menyang ing omahe, bokmanawa mati ana ing paprangan, aja nganti wong liya kang ningkah.

8. Sawuse mangkono para panggedhe mau nyambungana pitembungane marang para prajurite mangkene: Sapa panunggalanmu kang wedi lan lembek atine iku mundura muliha menyang ing omahe, supaya atine para sadulure aja nganti ajur luluh kaya atine wong iku.

9. Sawuse para panggedhene prajurit rampung anggone mituturi marang wadya-balane, banjur miliha tetindhihing wadya-bala kang padha ngirid lakune para prajurit.

10. Samangsa kowe nyedhaki salah sawijining kutha arep koktempuh, ing sakawit kowe ngajaka bedhamen.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 20