Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 2:30-37 Kitab Sutji (JAV)

30. Nanging Prabu Sihon, ratu ing Hesybon, iku ora nglilani kita padha ngliwati tanahe, marga diwangkotake budine lan dipuguhake panggalihe dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, awit karsane arep ngulungake nagara iku marang tanganmu, kaya kang kelakon ing saiki iki.

31. Yehuwah banjur ngandika marang aku: Wruhanira, Ingsun wus miwiti ngulungake Sihon dalah tanahe marang sira, kang iku sira miwitana ngenggoni tanahe supaya dadia darbekira.

32. Sawuse mangkono Prabu Sihon sabalane kabeh banjur methukake kita, perang karo kita ana ing sacedhake Yahas,

33. nanging Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita masrahake Sang Nata marang kita, temahan banjur kita kalahake dalah para putrane lan sabalane kabeh.

34. Ing nalika iku kita ngrebut sakehe kuthane sarta wong isine saben kutha padha kita tumpes, iya wong lanang, iya wong wadon dalah bocah-bocah, ora ana wonge siji-sijia kang kita karekake;

35. mung raja-kayane bae kita jupuk kanggo kita, kaya dene jarahan saka ing kutha-kutha kang wus padha kita rebut mau.

36. Wiwit saka ing Aroer, kang kaprenah ana ing sapinggire kali Arnon, lan kutha kang ana ing lebak saurute kali, nganti tekan ing tanah Gilead, ora ana kutha siji-sijia kang ora karayud marga saka santosane, awit kabeh diulungake dening Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, marang kita.

37. Mung nagarane bani Amon iku ora kokcedhaki, dadia tanah ing saurute kali Yabok, dadia kutha-kutha ing pagunungan, cocog karo wewaler kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang kita.”

maca bab lengkap Pangandharing Toret 2