Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 2:24-36 Kitab Sutji (JAV)

24. Mara, sira budhala, nyabranga ing kali Arnon. Wruhanira, Ingsun ngulungake Sihon, ratu ing Hesybon, wong Amori iku, dalah nagarane marang ing tanganira; sira miwitana ngejegi nagarane lan nempuha perang marang Sihon.

25. Ing dina iki Ingsun miwiti ndadekake para bangsa ing sangisore langit padha kataman miris lan wedi marang sira, temah samangsa krungu wartanira bakal padha gumeter lan ngoplok marga saka sira.”

26. “Aku tumuli nglakokake kongkonan saka ing pasamunan Kedemot menyang ing ngarsane Prabu Sihon, ratu ing Hesybon, kalawan tetembungan kang murih bedhami, surasane:

27. Kawula mugi kalilana medal nglangkungi nagari dalem. Lampah kawula namung badhe nurut margi ageng kemawon, boten mawi nyimpang mangiwa utawi manengen;

28. prakawis tedha mugi panjenengan dalem karsaa sade dhateng kawula, badhe kawula bayar mawi arta supados kawula sageda nedha, saha menggah prakawis toya kawula mugi panjenengan dalem paringi, badhe kawula lintoni arta, supados kawula sageda ngombe; namung kemawon kawula kalilana langkung kaliyan lumampah dharat;

29. inggih kados anggen kawula dipun lilani dening bani Esap ingkang manggen wonten ing pareden Seir lan dening bangsa Moab ingkang manggen wonten ing Ar, ngantos kawula sami nyabrang ing lepen Yarden, lumebet dhateng ing nagari ingkang dipun paringaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula dhateng kawula.

30. Nanging Prabu Sihon, ratu ing Hesybon, iku ora nglilani kita padha ngliwati tanahe, marga diwangkotake budine lan dipuguhake panggalihe dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, awit karsane arep ngulungake nagara iku marang tanganmu, kaya kang kelakon ing saiki iki.

31. Yehuwah banjur ngandika marang aku: Wruhanira, Ingsun wus miwiti ngulungake Sihon dalah tanahe marang sira, kang iku sira miwitana ngenggoni tanahe supaya dadia darbekira.

32. Sawuse mangkono Prabu Sihon sabalane kabeh banjur methukake kita, perang karo kita ana ing sacedhake Yahas,

33. nanging Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita masrahake Sang Nata marang kita, temahan banjur kita kalahake dalah para putrane lan sabalane kabeh.

34. Ing nalika iku kita ngrebut sakehe kuthane sarta wong isine saben kutha padha kita tumpes, iya wong lanang, iya wong wadon dalah bocah-bocah, ora ana wonge siji-sijia kang kita karekake;

35. mung raja-kayane bae kita jupuk kanggo kita, kaya dene jarahan saka ing kutha-kutha kang wus padha kita rebut mau.

36. Wiwit saka ing Aroer, kang kaprenah ana ing sapinggire kali Arnon, lan kutha kang ana ing lebak saurute kali, nganti tekan ing tanah Gilead, ora ana kutha siji-sijia kang ora karayud marga saka santosane, awit kabeh diulungake dening Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, marang kita.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 2