Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 2:10-26 Kitab Sutji (JAV)

10. Maune tanah iku dienggoni dening bangsa Emim, iku bangsa kang gedhe lan akeh cacah-jiwane, sarta dedege dhuwur kaya bangsa Enak;

11. bangsa iku dikira bangsa Refaim kaya bangsa Enak mau, nanging wong Moab ngarani bangsa Emim.

12. Dhek biyen pagunungan Seir iku dienggoni dening bangsa Hori, nanging bani Esap wus ngejegi wilayahe, sarta bangsa iku ditumpes lan kasirnakake, bani Esap iku banjur padha ngenggoni tilas panggonane nggenteni wong-wong iku, padha kaya kang wus ditandukake dening wong Israel tumrap tanah-pusakane kang kaparingake dening Sang Yehuwah.

13. Mulane saiki sira padha mangkata, nyabranga ing kali Zered. Tumuli kita iya padha nyabrang ing kali Zered.

14. Anadene lawase anggon kita padha nglembara saka ing Kadesy-Barnea nganti tekan ing sabrange kali Zered mau, telung puluh wolu taun, nganti sagolonganing para prajurit iku wus padha sirna kabeh saka ing pakemahan, kaya anggone wus padha kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah kalawan supaos;

15. sarta astane Sang Yehuwah uga nglawan wong-wong mau, padha ditumpes lan kasirnakake saka ing pakemahan nganti entek kabeh.

16. Bareng bangsa iku para prajurite wus padha entek mati kabeh,

17. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang aku mangkene:

18. Ing dina iki lakunira bakal ngliwati tapel-watese tanah Moab, yaiku Ing Ar;

19. sarta nyedhaki tlatahe wong bani Amon. Sira aja nglawan lan aja nempuh bangsa iku, awitdene sira bakal ora Sunparingi apa-apa saka nagarane bani Amon dadi darbekira, marga iku wus Sunparingake marang turune Lut dadi darbeke.

20. Tanah iku iya dikira nagarane bangsa Refaim; pancen maune bangsa Refaim kang ngenggoni, nanging wong Amon padha ngarani bangsa Zamzumim;

21. iku bangsa kang gedhe lan akeh cacahe, dedege kayadene bangsa Enak, nanging Pangeran Yehuwah kang ndadekake tumpese bangsa mau ana ing ngarepe bangsa Amon, temah bangsa iki banjur padha ngendhih tanahe sarta nggenteni manggon ana ing kono;

22. kaya kang wus ditindakake dening Sang Yehuwah tumrap bani Esap kang padha manggon ana ing pagunungan Seir, nalika Panjenengane numpes bangsa Hori, temah padha ngendhih tanahe sarta tumuli nggenteni manggon ana ing kono nganti saprene.

23. Uga wong Awi, kang padha manggon ing desa-desa nganti tekan ing Gaza, iku padha dibengkas dening wong Kaftor, kang pinangkane saka ing Kaftor; wong Kaftor iku nuli padha manggon ana ing kono nggenteni bangsa mau.

24. Mara, sira budhala, nyabranga ing kali Arnon. Wruhanira, Ingsun ngulungake Sihon, ratu ing Hesybon, wong Amori iku, dalah nagarane marang ing tanganira; sira miwitana ngejegi nagarane lan nempuha perang marang Sihon.

25. Ing dina iki Ingsun miwiti ndadekake para bangsa ing sangisore langit padha kataman miris lan wedi marang sira, temah samangsa krungu wartanira bakal padha gumeter lan ngoplok marga saka sira.”

26. “Aku tumuli nglakokake kongkonan saka ing pasamunan Kedemot menyang ing ngarsane Prabu Sihon, ratu ing Hesybon, kalawan tetembungan kang murih bedhami, surasane:

maca bab lengkap Pangandharing Toret 2