Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 16:5-12 Kitab Sutji (JAV)

5. Kowe ora klilan nyaosake kurban Paskah ana ing salah sijine panggonan peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.

6. Nanging anaa ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padalemaning asmane, ana ing kono anggonmu nyembeleh Paskah lan ing wayah sore, bareng karo suruping srengenge, mbarengi wektu budhalmu saka ing tanah Mesir.

7. Tumuli olahen lan panganen ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu. Sawuse mangkono, esuke banjur balia menyang tarubmu.

8. Nem dina lawase kowe mangana roti tanpa ragi lan ing dina kaping pitune nganakna pakumpulan gedhe kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe aja padha nyambut gawe.

9. Kowe ngetunga pitung minggu; anggonmu ngetung pitung minggu iku wiwitana nalika anyak ngeriti gandum kang durung dieneni.

10. Nuli kowe ngriyayakna dina gedhe Riyaya Pungkasaning Pitung Minggu kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan nyaosake pisungsung manasuka, miturut anggonmu kaberkahan dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

11. Kowe padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe dalah anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lan wadon, wong Lewi kang ana ing panggonanmu, wong bangsa liya karo bocah lola lan randha kang ana ing tengahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padalemaning asmane.

12. Elinga yen ing biyen kowe pada dadi batur ana ing Mesir. Katetepan iki lakonana kalawan setya.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 16