Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 16:14-22 Kitab Sutji (JAV)

14. Ing dina gedhemu iku, kowe padha bungah-bungaha, iya kowe dalah anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lang wadon, apadene wong Lewi lan wong bangsa liya, bocah lola lan randha kang padha ana ing antaramu.

15. Pitung dina lawase anggonmu mahargya riyaya kaya mangkono iku, kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah; awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mberkahi sabarang pametuning lemahmu lan sadhengah pagaweanmu, temah kowe bisa bungah-bungah temenan.

16. Setaun rambah kaping telu, saben wong lanang kang ana ing antaramu sebaa marang ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih, yaiku ing dina riyaya Roti Tanpa Ragi, ing Riyaya Pungkasaning Pitung Minggu sarta ing Riyaya Tancebing Tarub. Aja legeh anggonmu seba marang ngarsane Pangeran Yehuwah,

17. nanging saben wong uga nggawaa pisungsung sakuwate, cundhuk karo berkah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.”

18. “Kowe ngangkata hakim-hakim lan tetindhih-tetindhih ana ing kutha-kuthamu kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe miturut taler-talermu; iku padha ngakimana bangsa iku kalawan pangadilan kang jejeg.

19. Aja ndhoyongake pangadilan, aja mawang wong, aja nampani besel, marga besel iku mblawurake mripate wong wicaksana sarta nylewengake tembung-tembunge wong kang bener.

20. Kaadilan, iya kaadilan iku kang kudu kokgondheli, supaya kowe lestaria urip sarta ndarbenana tanah bakal peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.”

21. “Kowe aja nandhur sadhengaha wit minangka saka brahala sandhing misbyahe Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, misbyah kang bakal kokgawe kanggo kowe;

22. lan iya aja ngadegake tugu brahala, marga iku disengiti dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu. edit 1: fajar 13.12.01

maca bab lengkap Pangandharing Toret 16