Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 16:10-19 Kitab Sutji (JAV)

10. Nuli kowe ngriyayakna dina gedhe Riyaya Pungkasaning Pitung Minggu kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan nyaosake pisungsung manasuka, miturut anggonmu kaberkahan dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

11. Kowe padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe dalah anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lan wadon, wong Lewi kang ana ing panggonanmu, wong bangsa liya karo bocah lola lan randha kang ana ing tengahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padalemaning asmane.

12. Elinga yen ing biyen kowe pada dadi batur ana ing Mesir. Katetepan iki lakonana kalawan setya.

13. Kowe mahargyaa Riyaya Tancebing Tarub lawase pitung dina, yaiku samangsa kowe wus nglebokake pametune panutonmu lan pamipitan anggur.

14. Ing dina gedhemu iku, kowe padha bungah-bungaha, iya kowe dalah anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lang wadon, apadene wong Lewi lan wong bangsa liya, bocah lola lan randha kang padha ana ing antaramu.

15. Pitung dina lawase anggonmu mahargya riyaya kaya mangkono iku, kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah; awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mberkahi sabarang pametuning lemahmu lan sadhengah pagaweanmu, temah kowe bisa bungah-bungah temenan.

16. Setaun rambah kaping telu, saben wong lanang kang ana ing antaramu sebaa marang ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih, yaiku ing dina riyaya Roti Tanpa Ragi, ing Riyaya Pungkasaning Pitung Minggu sarta ing Riyaya Tancebing Tarub. Aja legeh anggonmu seba marang ngarsane Pangeran Yehuwah,

17. nanging saben wong uga nggawaa pisungsung sakuwate, cundhuk karo berkah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.”

18. “Kowe ngangkata hakim-hakim lan tetindhih-tetindhih ana ing kutha-kuthamu kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe miturut taler-talermu; iku padha ngakimana bangsa iku kalawan pangadilan kang jejeg.

19. Aja ndhoyongake pangadilan, aja mawang wong, aja nampani besel, marga besel iku mblawurake mripate wong wicaksana sarta nylewengake tembung-tembunge wong kang bener.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 16