Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 14:4-14 Kitab Sutji (JAV)

4. Iki pratelane kewan asikil papat kang klilan padha kokpangan: sapi, wedhus gembel, wedhus berok;

5. menjangan kidang, menjangan tutul, wedhus alasan, kidang pagunungan, bantheng lan wedhus gembel alasan.

6. Iya sadhengah kewan kang asikil papat kang tracake belah, -- yaiku kang belahane cawang dadi loro --, sarta kang nggayemi ing antarane sato-kewan kang asikil papat, iku kang klilan padha kokpangan.

7. Nanging panunggalane kang nggayemi lan tracake cawang kang ora klilan kokpangan, yaiku: unta, arnebet lan safan, awit kabeh iku sanadyan nggayemi, nanging ora tracak belah; iku kabeh karam tumrap ing kowe.

8. Mangkono uga celeng, tracake iya belah, nanging ora nggayemi, iku dadia karam tumrap ing kowe. Aja padha kokpangan daginge lan kowe aja nganti kagepok ing bathange.

9. Panunggalane kang ana ing banyu kang klilan kokpangan yaiku: sadhengah kang mawa siwar lan sisik,

10. nanging kang tanpa siwar lan tanpa sisik iku aja kokpangan, iku kabeh karam tumrap ing kowe.

11. Sarupane manuk kang kalal iku kena kokpangan.

12. Nanging kang ora kena kokpangan, yaiku: manuk garudha, manuk beri lan manuk wulung sagara;

13. wulung abang, wulung ireng, dayah lan sapepadhane,

14. bangsa gagak sapepadhane;

maca bab lengkap Pangandharing Toret 14