Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 14:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. “Kowe iku padha putrane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe aja padha mblereki kulitmu lan aja nyukur rambutmu ing sadhuwure bathukmu marga kepaten;

2. awitdene kowe iku umat kang suci kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta kowe kang wus dipilih dening Sang Yehuwah saka ing antarane para bangsa kabeh kang ana ing salumahe bumi, kadadekake umat kagungane piyambak.”

3. “Kowe aja mangan sadhengah kang jember.

4. Iki pratelane kewan asikil papat kang klilan padha kokpangan: sapi, wedhus gembel, wedhus berok;

5. menjangan kidang, menjangan tutul, wedhus alasan, kidang pagunungan, bantheng lan wedhus gembel alasan.

6. Iya sadhengah kewan kang asikil papat kang tracake belah, -- yaiku kang belahane cawang dadi loro --, sarta kang nggayemi ing antarane sato-kewan kang asikil papat, iku kang klilan padha kokpangan.

7. Nanging panunggalane kang nggayemi lan tracake cawang kang ora klilan kokpangan, yaiku: unta, arnebet lan safan, awit kabeh iku sanadyan nggayemi, nanging ora tracak belah; iku kabeh karam tumrap ing kowe.

8. Mangkono uga celeng, tracake iya belah, nanging ora nggayemi, iku dadia karam tumrap ing kowe. Aja padha kokpangan daginge lan kowe aja nganti kagepok ing bathange.

9. Panunggalane kang ana ing banyu kang klilan kokpangan yaiku: sadhengah kang mawa siwar lan sisik,

10. nanging kang tanpa siwar lan tanpa sisik iku aja kokpangan, iku kabeh karam tumrap ing kowe.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 14