Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 10:15-21 Kitab Sutji (JAV)

15. nanging kang dadi keparenging panggalihe Sang Yehuwah mung para leluhurmu kang dikasihi, lan para turune, iya kowe iku, kang dipilih saka ing antarane para bangsa kabeh, kaya kaanan ing saiki iki.

16. Mulane padha netakana atimu lan aja wangkot maneh.

17. Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku Allahe para allah lan Gustine para gusti; Allah kang agung lan kang santosa sarta nggegirisi, kang ora mawang wong lan nampeni besel;

18. kang mbelani bocah yatim lan randha sarta kang ngasihi marang wong ngamanca, sarana maringi sandhang pangan.

19. Mulane kowe iya padha nandukna katresnan marang wong ngamanca, marga kowe biyen iya wus ngalami dadi wong manca ana ing tanah Mesir.

20. Wedi-asiha marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ngabektia lan rumaketa marang Panjenengane, sarta anggonmu nglairake sumpah iya demia asmane.

21. Panjenengane iku kang dadi underaning pepujianmu, iya Panjenengane iku Gusti Allahmu, kang wus nindakake pandamel kang linuwih lan nggegirisi, kang wus padha koksipati dhewe.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 10