Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 10:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. “Ing nalika iku Pangeran Yehuwah ngandika marang aku: Sira nataha papan watu loro kaya kang dhisik, nuli munggaha ing gunung iki sebaa marang ing ngarsaningSun; lan sira nuli gawea pethi kayu siji.

2. Papan mau bakal Sunserati pangandika kaya kang maune ana ing papan kang dhisik kang wus sira pecah; nuli padha sira selehna ana ing jero pethi iku.

3. Aku banjur gawe pethi kayu sitah, lan natah papan watu loro kaya kang dhisik, tumuli aku munggah ing gunung karo nggawa papan loro mau.

4. Papane banjur diserati dening Panjenengane padha karo seratan kang dhisik, yaiku Pangandika Sepuluh kang wus dipangandikakake dening Sang Yehuwah marang kowe ana ing gunung saka ing tengahe geni, mbeneri kowe padha kumpulan; sawuse mangkono banjur diparingake dening Pangeran Yehuwah marang aku.

5. Aku nuli mudhun saka ing gunung, sarta papane tumuli dakselehake ing sajrone pethi olehku gawe; iya ana ing kono sumelehe, miturut dhawuhe Pangeran Yehuwah marang aku.

6. Wong Israel tumuli padha budhal saka Beerot Bene-Yaakan menyang ing Mosera; ana ing kono Kamas Harun seda lan disarekake iya ana ing kono, dene kang putra Eleazar kang nggenteni dadi imam.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 10