Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Obaja 1:13-21 Kitab Sutji (JAV)

13. Aja lumebu ing gapurane umatingSuning dinane kang siyal,malah aja nganggep entheng marang ing kacilakan kang tumempuh,ing dinane kang siyal;lan aja ngrampas barang darbekeing dinane kang siyal iku.

14. Sira aja nyegati ana ing dalan simpangan,kalawan sedya numpes wonge kang padha oncat,lan aja ngulungake kang padha bisa oncating dina karupekane.

15. Amarga wus cedhak dinane Sang Yehuwah kang tumempuh marang sakehe umat,sira bakal diwales padha kaya kang dadi panggawenira,panggawenira bakal bali nampek marang sirahira dhewe.

16. Lah kaya patrap anggonira wus ngombe ana ing gunungingSun kang suci,mangkono uga para umat iya bakal ngombe kabeh tanpa leren,malah anggone ngombe katon ngangsa-angsa,lan bakal dadi kaya-kaya bangsa-bangsa mau ora tau ana.

17. Nanging ing gunung Sion bakal ana wong-wong kang bisa oncat,sarta gunung Sion iku bakal dadi papan kang suci,lan bani Yakub bakal padha ndarbeni tanah kang wusdadi duweke.

18. Bani Yakub bakal dadi geni,bani Yusuf urubing geninedene bani Esap tunggakaning gandum;nuli bakal kaobong lan kamangsa nganti entek,tuwin turune Esap ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat,awit Pangeran Yehuwah kang ngandika mangkono.

19. Wong-wong kang manggon ing Tanah Negeb bakal padha ngejegi pagunungane Esap,lan kang manggon ing Dhaerah Pagunungan bakal ngejegi tanahe wong Filisti,sarta bakal ngebeki bumine Efraim lan tlatah Samaria,apadene taler Benyamin bakal ngebeki tlatah Gilead.

20. Wong-wong Israel kang digawa menyang ing pambuwangan,bakal ngebeki tanahe wong Kanaan nganti tekan Zarfat,sarta wong-wong Yerusalem kang digawa menyang pambuwangan kang ana ing Sefarad,bakal padha ngebeki kutha-kutha ing Tanah Negeb.

21. Sarta bakal ana juru pangentas kang padha munggah ing gunung Sion,prelu ngukum pagunungane Esap;Pangeran Yehuwah kang banjur bakal kagungan karajan iku.

maca bab lengkap Obaja 1