Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Obaja 1:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Wahyune Nabi Obaja.Pangandikane Pangeran Yehuwah Allah marang Edom mangkene -- aku wus padha krungu pawarta saka Sang Yehuwah, --ana sawijining utusan kalakokake menyang ing satengahe para bangsa:“Tangia, payo padha tumandang merangi Edom!” --

2. Lah sira wus Sundadekake cilik ana ing antarane para bangsa,banget anggonira diremehake.

3. Sira wus diapusi dening piangkuhe atinira,sira kang manggon ing gampeng-gampenging parangkang dumunung ing papan kang dhuwur,sarta kang duwe osik:“Sapa kang bisa ngundhunake aku menyang ing bumi?”

4. Sanadyan sira mabur dhuwur kaya manuk garudha,malah sanadyan susuhira ana ing antarane lintang-lintang,Ingsun iya bakal ngudhunake sira saka ing kono, --mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

5. Manawa sira katekan maling utawa rampog ing wayah bengi,-- kaya apa bae anggonira karusak, --anggone nyolong rak mung sacukupe bae, ta?Manawa sira katekan wong ngundhuh anggur,rak mesthi ana anggur kang katinggal?

6. Kaya apa bae anggone turune Esap digledhah,kaya apa bae anggone digoleki rajabranane kang sumimpen!

7. Sakehe mitra kang mbantu sirapadha ngurak-urak sira nganti tekan ing tapel-wates;sira dicidrani, dikalahake dening para mitranira.Kang manggon tunggal sameja karo sira,masangi kala sira. --Wong iku tanpa budi.

8. Ing wektu iku -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --Ingsun rak bakal numpes para wong wicaksana ing Edom,lan ngilangake pangreten saka ing pagunungane Esap?

maca bab lengkap Obaja 1