Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 8:8-17 Kitab Sutji (JAV)

8. Uga Yesua, Bani, Serebya, Yamin, Akub, Sabetai, Hodia, Maaseya, Kelita, Azarya, Yozabad, Hanan, Pelaya, para wong Lewi, padha mulangake Toret iku marang wong-wong mau, nalika padha ngadeg ana ing panggonane dhewe-dhewe.

9. Perangan-perangane ing kitab iku, yaiku Torete Gusti Allah, kawacakake kalawan cetha lan diterangake, satemah wong-wong padha ngreti surasane.

10. Sang Nehemya yaiku kepala dhaerah, karo Imam Ezra, ahli kitab sarta para wong Lewi kang mulang marang wong-wong mau, banjur padha ngandika marang wong sabangsa kabeh: “Dina iki dadi sesengkerane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu. Kowe aja padha prihatin, lan aja nangis.” Amarga wong kabeh padha nangis, nalika krungu surasane Toret.

11. Tumuli padha didhawuhi mangkene: “Wis muliha, mangana enak, ngombea kang legi lan menehana berkat marang para wong kang ora duwe apa-apa, awit dina iki sesengkerane Gusti kita! Aja padha prihatin, awitdene kabungahan peparinge Sang Yehuwah iku kang dadi pangayomanmu.”

12. Mangkono uga para wong Lewi padha ngarih-arih marang wong sabangsa kabeh supaya meneng, tembunge: “Diayem awitdene dina iki dina suci. Aja padha prihatin!”

13. Wong kabeh banjur padha mulih, sarta banjur padha mangan lan ngombe, apadene padha mbage pangan tuwin padha pista-pista, awit wus padha mangreti pangandika kang diterangake mau.

14. Ing dina kapindhone para panggedhening kulawangsane sabangsa kabeh apadene para imam lan para wong Lewi padha nglumpuk ana ing ngarsane Imam Ezra, ahli kitab, perlu ngrasak-ngrasakake surasane Toret.

15. Ing kono tinemu ana tulisan kang kamot ing angger-angger kang kaparingake dening Gusti Allah lumantar Nabi Musa, yen ing dina riyaya sasi kapitu Israel padha kakarsakake mondhok ing tarub,

16. sarta kadhawuhan nggiyarake undhang-undhang marang sakehing kutha-kutha tuwin ing Yerusalem, kang surasane mangkene: “Padha menyanga ing pagunungan, ameka godhong jaitun, godhong wit lenga, godhong wit murad, godhong wit kurma lang godhong wit kang ngrembuyung, kagawe yasa tarub, netepi apa kang katulisan.”

17. Wong-wong banjur padha lunga amek godhong-godhong mau, sarta padha gawe tarub, ana ing dhuwur payone omahe dhewe-dhewe, ing pakaranganing omahe, uga ing plataraning padalemane Gusti Allah, ing alun-alun sangarepe gapura Banyu, lan ing alun-alun ing sangarepe gapura Efraim.

maca bab lengkap Nehemya 8