Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 8:14-19 Kitab Sutji (JAV)

14. Ing dina kapindhone para panggedhening kulawangsane sabangsa kabeh apadene para imam lan para wong Lewi padha nglumpuk ana ing ngarsane Imam Ezra, ahli kitab, perlu ngrasak-ngrasakake surasane Toret.

15. Ing kono tinemu ana tulisan kang kamot ing angger-angger kang kaparingake dening Gusti Allah lumantar Nabi Musa, yen ing dina riyaya sasi kapitu Israel padha kakarsakake mondhok ing tarub,

16. sarta kadhawuhan nggiyarake undhang-undhang marang sakehing kutha-kutha tuwin ing Yerusalem, kang surasane mangkene: “Padha menyanga ing pagunungan, ameka godhong jaitun, godhong wit lenga, godhong wit murad, godhong wit kurma lang godhong wit kang ngrembuyung, kagawe yasa tarub, netepi apa kang katulisan.”

17. Wong-wong banjur padha lunga amek godhong-godhong mau, sarta padha gawe tarub, ana ing dhuwur payone omahe dhewe-dhewe, ing pakaranganing omahe, uga ing plataraning padalemane Gusti Allah, ing alun-alun sangarepe gapura Banyu, lan ing alun-alun ing sangarepe gapura Efraim.

18. Wong sapasamuwan kabeh yaiku wong kang padha mulih saka ing pambuwangan, padha gawe tarub, lan manggon ing kono. Pancen wong Israel ora tau nglakoni kang mengkono iku, wiwit jamane Sang Yusak, bin Nun kongsi tumeka ing wektu mau. Nuli padha nganakake pista gedhen-gedhen.

19. Ing sadina-dina padha diwacakake peranganing kitab Torete Gusti Allah, wiwit dina kapisan nganti dina wekasan. Anggone ngriyayakake sajroing pitung dina, lan ing dina kang kaping wolu padha nganakake parepatan agung, nocogi apa kang wus kapranata.

maca bab lengkap Nehemya 8