Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 6:8-12 Kitab Sutji (JAV)

8. Nanging aku banjur kongkonan mangsuli: “Samukawis ingkang panjenengan ngandikakaken punika sadaya boten nate wonten. Punika namung ujar pagorohan.”

9. Amarga wong iku kabeh mung padha memedeni aku, gagasane: “Wong iku bakal padha nglirwakake pagaweane, temah mesthi ora bakal bisa rampung.” Nanging aku malah mbudidaya sakatog-katoge.

10. Nalika aku mara menyang ing omahe Semaya, bin Delaya, bin Mehetabeel, -- amarga dheweke kepalang nekani, --, kandhane: “Sumangga sami lumebet ing padalemanipun Gusti Allah, ing salebetipun Padaleman Suci saha sami ngancing korinipun, amargi wonten tiyang ingkang sami dhateng badhe nyedani panjenengan, malah ing wanci dalu punika anggenipun sami badhe nyedani panjenengan.”

11. Nanging wangsulanku: “Wong kaya aku iki apa iya arep mlayu? Endi ana wong pepadhaku kang bisa lumebu ing Padaleman Suci banjur isih lestari urip? Aku ora mangkat!”

12. Amarga aku ngreti, manawa wong iku ora diutus dening Gusti Allah. Dheweke anggone medharake wangsit tumrap ing aku iku amarga dibeseli dening Tobia lan Sanbalat.

maca bab lengkap Nehemya 6