Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 6:6-8 Kitab Sutji (JAV)

6. Dene layang iku surasane mangkene: “Ing antawisipun para bangsa wonten kabar sruwang-sruwing, lan Gasymu inggih ngleresaken, inggih punika bilih panjenengan kaliyan tiyang Yahudi sami sumedya mbalela, pramila sami mbangun balowarti. Punapa malih miturut wartos punika panjenengan ngangkah badhe jumeneng dados ratunipun.

7. Malah panjenengan sampun matah para nabi supados sami ngundhangaken bab penjenengan wonten ing Yerusalem, makaten: Wonten ratu ingkang madeg ing Yerusalem. Lah pawartos ingkang kados makaten punika badhe kapiarsa dening Sang Prabu. Pramila, sumangga, sami pepanggihan pirembangan!”

8. Nanging aku banjur kongkonan mangsuli: “Samukawis ingkang panjenengan ngandikakaken punika sadaya boten nate wonten. Punika namung ujar pagorohan.”

maca bab lengkap Nehemya 6