Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 6:13-19 Kitab Sutji (JAV)

13. Tumrap prakara iki anggone dheweke dibeseli, supaya aku wedia lan nglakonana kaya mangkono iku, temah aku tumiba ing dosa. Kanthi patrap mangkono anaa kang kanggo dadakan ngala-ala jenengku, temah banjur bisa nacad aku.

14. Dhuh Allah kawula, Paduka mugi ngengetana ing sapandamelipun Tobia kaliyan Sanbalat. Makaten ugi dhateng pratingkahipun nabi estri Noaja saha para nabi sanesipun, ingkang sami badhe ngajrih-ajrihi kawula.

15. Kacarita balowartine wus rampung, yaiku nalika sasi Elul, tanggal ping salawe, dadi ing sajroning seket loro dina.

16. Bareng sakehing mungsuhku padha krungu wartane, sakehing bangsa ing sakubengku padha wedi, amarga padha kaweleh lan ngreti, yen pagawean iku katindakake kalawan pitulungane Gusti Allah.

17. Nalika semana para pemimpin Yehuda padha ngirimake layang akeh marang Tobia lan iya padha tampa wangsulane,

18. amarga akeh wong ing Yehuda kang padha katalenan sumpah karo Tobia, jer dheweke iku kaprenah mantune Sekhanya, bin Arah, sarta anake Tobia kang aran Yohanan, iku ngrabeni anake Mesulam, bin Berekhya.

19. Kajaba iku wong-wong mau iya padha nyaritakake kabecikane Tobia ana ing ngarepku, sarta kabeh kandhaku dipratelakake marang dheweke. Tobia uga ngirimi layang marang aku kagawe meden-medeni aku.

maca bab lengkap Nehemya 6