Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 4:5-12 Kitab Sutji (JAV)

5. Kalepatanipun mugi sampun Paduka tutupi, saha durakanipun mugi sampun ngantos Paduka lebur wonten ing ngarsa Paduka, amargi sami damel gerahing panggalih Paduka, sarana tindak-tandukipun tumrap para tiyang ingkang sami mbangun.

6. Nanging aku padha mbanjurake anggonku padha mbangun balowartine kaadegake nganti kemput, dhuwure wus oleh separo, amarga wong akeh padha mempeng banget anggone nyambutgawe.

7. Bareng Sanbalat lan Tobia sarta wong Arab, wong Amon lan wong ing Asdod padha oleh pawarta yen pembanguning balowartining Yerusalem iku tumindak rancag lan kang bedhah wiwit rapet, temah padha muntab nepsune.

8. Kabeh nuli saiyeg bakal nempuh perang marang Yerusalem sarta gawe rerusuh ana ing kono.

9. Nanging aku banjur padha ndedonga marang Gusti Allah, rina wengi padha mapanake pejagan, kanggo nanggulangi wong-wong iku, marga saka tangkepe kang mangkono iku.

10. Pangucape wong Yahudi: “Kakuwatane para wong kang mikul wis meh entek, lan jugrugane isih akeh banget. Aku padha ora keconggah mbacutake anggonku padha mbangun balowarti iki.”

11. Nanging para mungsuhku padha mikir: “Kana ora bakal padha sumurup lan ora bakal padha weruh apa-apa, nganti aku padha teka ana ing tengahe lan padha mateni wong-wong iku, sarta nglereni pagaweane.”

12. Bareng wong-wong Yahudi kang padha manggon ing sacedhake wus nganti ambal ping sapuluh anggone ngelingake marang aku: “Tiyang-tiyang punika badhe sami nempuh kita saking sakathahing papan padununganipun”,

maca bab lengkap Nehemya 4