Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 4:12-23 Kitab Sutji (JAV)

12. Bareng wong-wong Yahudi kang padha manggon ing sacedhake wus nganti ambal ping sapuluh anggone ngelingake marang aku: “Tiyang-tiyang punika badhe sami nempuh kita saking sakathahing papan padununganipun”,

13. aku banjur mapanake rakyat manut gotrah kulawangsane kalawan asikep pedhang, tumbak lan panah ana ing ledhokan ing saburine balowarti ing papan-papan kang lempar.

14. Sawuse kabeh dakulatake, aku tumuli ngadeg mituturi marang para pemimpin lan para panggedhe tuwin wong akeh liyane: “Sampun sami ajrih dhateng tiyang-tiyang punika, sami engeta dhateng Gusti Allah ingkang mahaagung lan nggegirisi sarta sami nglampahana perang nglabuhi sadherek-sadherek panjenengan, para putra panjenengan jaler estri, garwa panjenengan lan pemahan panjenengan.”

15. Bareng mungsuhku padha krungu, yen rancangane iku wus daksumurupi, lan wus diwurungake dening Gusti Allah aku banjur padha mbaleni balowarti maneh, siji-sijine menyang panggonane dhewe-dhewe.

16. Wiwit ing dina iku sabanjure balaku saperangan padha nglakoni pagawean, lan saperangan padha sikep tumbak, tameng tuwin panah, sarta nganggo klambi kere, dene para panggedhe ana ing samburining golongane wong Yehuda,

17. kang padha nggarap balowarti. Wong kang memikul lan usung-usung anggone padha tumindak ing gawe, tangane kang siji nyambutgawe, dene sijine nyekel gegaman.

18. Saben wong kang mbangun iku siji-sijine klawan njengkelit pedhang ing lambunge sarta kang ngunekake kalasangka ngadeg ana ing sandhingku.

19. Dene welingku marang para pemimpin lan para panggedhe tuwin wong akeh liyane: “Padamelan punika rowa lan wiyar tebanipun, dene kita sami pating prenca wonten ing balowarti, ingkang satunggal tebih kaliyan satunggalipun.

20. Manawi mireng swaraning kalasangka, nunten sami nglempaka murugi kula. Gusti Allah kita ingkang badhe nyarirani perang kita!”

21. Kaya mangkono anggonku padha nglakoni pagawean, dene saparone wong padha nyekel tumbak wiwit wetuning bang-bang wetan nganti tumeka jumedhuling lintang-lintang.

22. Ing nalika iku aku uga prentah marang rakyat: “Wong kabeh padha nginepa ana ing Yerusalem kene, karo balane, supaya ing wayah bengi padha nganakake pajagan kanggo aku kabeh, lan ing wayah awan padha nyambut gawe.”

23. Mangkono kaananku dhewe, sadulur-sadulurku, dalah balaku lan wong jaga kang padha melu aku, aku kabeh ora kober salin sandhangan. Siji-sijine nyekel gegaman ing tangane tengen.

maca bab lengkap Nehemya 4