Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 4:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng Sanbalat oleh pawarta, yen aku padha mbangun balowarti, banjur muntab nepsune sarta banget lara atine apadene memada marang wong Yahudi,

2. lan celathu ana ing ngarepe para sadulure lan bala ing Samaria: “Wong Yahudi kang apes iku padha nggarap apa ta? Apa padha nyantosakake apa ta apa? Apa padha arep ngaturake pisungsung? Apa sadina bakal bisa rampung? Apa watune bakal padha kena diuripake maneh saka ing tumupukan jugrugan, kang wis padha entek kobong iku?”

3. Tobia, wong Amon kang ana ing sandhinge banjur ngucap: “Sanadyan wus dibangun maneh, saupama ana asu alasan mlumpat lan nyenggol, mesthi njugrugake tembok watu iku.”

4. Dhuh Allah kawula, mugi miyarsakna kados punapa anggenipun sami ngremehaken kawula. Pamadanipun mugi Paduka tempahaken dhateng sirahipun piyambak saha tiyangipun sami Paduka dadosna jarahan wonten ing tanah pambucalan.

5. Kalepatanipun mugi sampun Paduka tutupi, saha durakanipun mugi sampun ngantos Paduka lebur wonten ing ngarsa Paduka, amargi sami damel gerahing panggalih Paduka, sarana tindak-tandukipun tumrap para tiyang ingkang sami mbangun.

6. Nanging aku padha mbanjurake anggonku padha mbangun balowartine kaadegake nganti kemput, dhuwure wus oleh separo, amarga wong akeh padha mempeng banget anggone nyambutgawe.

7. Bareng Sanbalat lan Tobia sarta wong Arab, wong Amon lan wong ing Asdod padha oleh pawarta yen pembanguning balowartining Yerusalem iku tumindak rancag lan kang bedhah wiwit rapet, temah padha muntab nepsune.

8. Kabeh nuli saiyeg bakal nempuh perang marang Yerusalem sarta gawe rerusuh ana ing kono.

maca bab lengkap Nehemya 4