Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 3:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Imam Agung Elyasib nuli tumandang ing gawe kanthi sadherek-sadhereke para imam, padha mbangun gapura Wedhus Gembel, disucekake sarta ditrapi inebe; anggone nucekake nganti tutug ing menara Mea lan menara Hananeel.

2. Ing sandhinge iku kang padha mbangun wong ing Yerikho, lan ing sandhinge maneh kang mbangun Zakur bin Imri.

3. Gapura Iwak kabangun dening bani Senaa, dietrapi dlurung-dlurung, ineb, kancingan lan slarak.

4. Ing sandhinge iku kang mbangun Meremot bin Uria bin Hakos, lan ing sandhinge iku kang mbangun Mesulam, bin Berekhya bin Mesezabeel, dene ing sandhinge iku kang mbangun Zadhok, bin Baana,

5. lan ing sandhinge maneh kang mbangun wong-wong ing Tekoa. Naning para pangarepe padha ora gelem nyangkul pagaweane bendarane.

6. Gapura Lawas iku kabangun dening Yoyadha bin Paseah lan Mesulam bin Besoja, dietrapi dlurung-dlurung, ineb, kancingan tuwin slarak.

7. Ing sandhinge iku kang padha mbangun Melaca wong ing Gibeon lan Yadon wong ing Meronot, karo wong ing Gibeon lan ing Mizpa, kang ana ing wilayahe bupati ing sabrange bengawan Efrat.

8. Ing sandhinge iku kang mbangun Uziel bin Harhaya, sawijining kemasan. Ing sandhinge maneh kang mbangun Hananya, tukang lenga jebad, anggone mbangun Yerusalem iku nganti tutug ing balowarti Amba.

9. Ing sandhinge maneh kang mbangun Sang Refaya, bin Hur, kang ngasta pangwasa separoning wewengkon Yerusalem.

10. Ing sandhinge maneh kang mbangun Yedaya bin Harumaf ana ing ngarepe omahe dhewe. Lan ing sandhinge maneh kang mbangun Hatus bin Hasabneya.

maca bab lengkap Nehemya 3