Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 2:7-11 Kitab Sutji (JAV)

7. Aku nuli munjuk maneh marang Sang Prabu: “Manawi Sang Prabu manggalih prayogi, kawula mugi panjenengan dalem paringi serat-serat dhumateng para bupati ing sabranging benawi Efrat, supados sami nglilani lampahipun dalem ngantos dumugi ing tanah Yehuda.

8. Punapa dene serat dhateng Asaf, ingkang rumeksa kagungan dalem wana, supados nyukani kajeng dhateng kawula kangge dlurunging gapura-gapuraning betengipun Padaleman Suci, kangge balowartinipun kitha tuwin kangge griya ingkang badhe kawula enggeni.” Sang Prabu nuli iya njurungi panyuwunku, amarga astane Allahku kang mahamirah ngayomi aku.

9. Mangkono aku dadine nemoni para bupati ing sabranging bengawan Efrat sarta serate Sang Prabu daktampakake. Anadene mangkatku iku, awit saka dhawuhe Sang Nata, nganggo diiringake dening para panggedhening perang, kanthi bala jaranan sawatara.

10. Bareng Sanbalat, wong ing Horon lan Tobia, wong Amon, kang dadi abdi, padha krungu bab iku, temah banget anyele atine, amarga ana wong teka kang arep gawe raharjane wong Israel.

11. Kacarita aku wus tekan ing Yerusalem. Sawuse telung dina ana ing kono,

maca bab lengkap Nehemya 2