Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 2:11-20 Kitab Sutji (JAV)

11. Kacarita aku wus tekan ing Yerusalem. Sawuse telung dina ana ing kono,

12. ing wayah bengi aku tangi karo wong sawatara kang melu aku. Ora ana kang dakkandhani, apa kang diosikake ana ing atiku dening Gusti Allahku tumrap kang bakal daktindakake ana ing Yerusalem, sanadyan kewan iya ora ana kang melu aku kejaba mung kewan kang daktunggangi bae.

13. Aku banjur metu ing wayah bengi, ngliwati gapura Lebak, ngener ing sendhang Ula Naga lan ing gapura Pawuhan, sarta niti-priksa balowartine Yerusalem kang padha mobrak-mabrik lan gapurane kang padha kaobong nganti entek.

14. Aku tumuli mbacutake lakuku menyang ing gapura Sendhang lan blumbang Ratu. Sarehne kewan kang daktunggangi ora bisa liwat ing kono,

15. aku banjur mlaku munggah metu ing kali asat ing wayah bengi kalawan niti-priksa balowartine kalawan tliti. Aku banjur bali lan lumebu metu ing gapura Lebak. Mangkono dadine aku nuli mulih.

16. Anadene para panggedhe ora sumurup aku mentas menyang ngendi lan apa kang wus daktindakake, amarga nganti tumeka saprene aku durung kandha apa-apa marang wong Yahudi, dadia marang para imam utawa marang para panggedhe; dadia marang para kang ngasta pangwasa utawa wong liyane kang kaampilan ayahan.

17. Ing kono wong-wong iku banjur padha dakkandhani: “Panjenengan sami nguningani ing kasrakatan ingkang kita alami punika, inggih punika bilih Yerusalem dados gempuran lan gapuranipun kabesmi. Milanipun sumangga sami mbangun balowartinipun Yerusalem, supados kita sampun ngantos kalajeng-lajeng dados cacadan malih.”

18. Nalika padha dakkandhani kaya apa anggonku wus diayomi dening Gusti Allahku kang mahamirah, sarta apa kang dadi pangandikane Sang Prabu marang aku, ing kono pangucape: “Inggih sumangga sami tumandang mbangun!” Lan kanthi ngetog kakuwatan anggone padha nglakoni pagawean kang becik iku.

19. Nanging bareng Sanbalat wong ing Horon lan Tobia, wong Amon, kang dadi abdi sarta Gesyem, wong Arab, padha krungu wartane iku, nuli padha moyoki lan ngremehake, pangucape: “Punapa ta kang sami panjenengan tandangi punika? Punapa panjenengan sami sumedya mbalela dhateng Sang Prabu?”

20. Aku mangsuli marang wong-wong iku, tembungku: “Gusti Allahipun saindenging langit, inggih Panjenenganipun punika ingkang murugaken kula sami saged ngrampungaken padamelan kula, kula para abdinipun sampun sami samekta mbangun. Nanging panjenengan sami boten kagungan panduman utawi wewenang lan boten badhe dipun engeti wonten ing Yerusalem!”

maca bab lengkap Nehemya 2