Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 13:27-31 Kitab Sutji (JAV)

27. Kang iku apa wong nganti kudu padha krungu anggonmu nglakoni duraka gedhe iku yaiku anggonmu padha ora setya marang Gusti Allah kita jalaran ngalap bojo wong wadon manca?”

28. Putrane Imam Agung Yoyadha bin Elyasib ana siji kang wus dadi mantune Sanbalat, wong Horoni, mulane daktundhung saka ing ngarepku.

29. Dhuh Allah kawula Paduka mugi ngengeti tiyang punika anggenipun sami ngucemaken kalenggahaning imam, punapa dene prajanjian bab para imam saha para bani Lewi.

30. Kaya mangkono anggonku ngresiki wong-wong saka ing samubarang kang saka ing bangsa liyan, apadene para imam lan para wong Lewi padha daktetepake kawajibane lan pagaweane dhewe-dhewe.

31. Apa maneh aku uga netepake patrap leladi kayu ing wektu-wektu kang wus katemtokake sarta leladi pametuning bumi kang kawitan.Dhuh Allah kawula, mugi karsaa enget dhumateng kawula, demi karaharjan kawula!

maca bab lengkap Nehemya 13