Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 13:11-28 Kitab Sutji (JAV)

11. Para kang nyekel pangwasa banjur padha daktutuh kalawan dakkandhani mangkene: “Yagene padalemane Allah kok koktegakake bae?” Para wong Lewi tumuli dakklumpukake sarta dakbalekake maneh menyang ing panggonane dhewe-dhewe.

12. Sakehe wong Yehuda banjur padha asok maneh pisungsung prasapuluhan tumrap gandum lan anggur tuwin lenga, kagawa menyang ing kamar pasimpenan.

13. Aku tumuli ngangkat lelurahing kamar pasimpenan, yaiku Imam Selemya lan Zadhok, ahli Toret lan Pedaya, wong Lewi, dene Hanan bin Zakur bin Matanya dakbiyantokake mrono amarga wong-wong iku padha dianggep setya. Kabeh padha dipasrahi kawajiban mranata bab anggone mandumi marang para sadulure.

14. Dhuh Allah kawula, Paduka mugi enget dhateng kawula awit saking prakawis punika, saha mugi sampun ngantos ngicalaken kasaenan ingkang sampun kawula lampahi tumrap padalemaning Gusti Allah kawula saha sakathahipun paladosan ing ngriku!

15. Ing wektu iku aku weruh ing tanah Yehuda ana wong kang padha ngiles-iles pamipitan anggur ing dina Sabat, uga wong kang padha nggawa gedhengan-gedhengan gandum, diemotake ing kuldi, apadene anggur, woh anggur tuwin woh anjir sarta momotan rupa-rupa kang digawa lumebu ing kutha Yerusalem ing dina Sabat. Wong mau nalika pinuju adol bahan pangan, padha dakelingake.

16. Uga wong Tirus kang manggon ing kono, padha nggawa iwak loh lan dagangan rupa-rupa diedol ing dina Sabat marang wong Yehuda, tur ana ing Yerusalem.

17. Para panggedhene wong Yehuda banjur padha daktutuh, sarta dakkandhani: “Patrap apa kang padha koklakoni iki, dene padha nerak kasucene dina Sabat.

18. Para leluhurmu rak iya padha tumindak mangkono, temah Gusti Allah kita ndhatengake bilai marang kita lan marang nagara kene. Apa karepmu arep padha ndadekake bangeting dukane marang Israel, kanthi patrap nerak kasucene dina Sabat?”

19. Mulane yen ngarepake dina Sabat ing gapura-gapura Yerusalem wus katon remeng-remeng, aku akon nutup gapura-gapura lan dakprentahake supaya aja diwengakake sadurunge kliwat dina Sabat. Karomaneh aku mapanake wongku sawatara ana ing gapura-gapura, supaya aja ana momotan lumebu ing dina Sabat.

20. Nanging para bakul lan kang padha adol barang rupa-rupa pisan pindho padha nginep ana ing sajabaning balowartine Yerusalem.

21. Iku nuli dakwelehake lan dakkandhani: “Yagene kowe padha nginep ing ngarepe balowarti. Manawa kowe tumindak mangkono maneh mesthi kowe padha dakcekel.” Wiwit nalika iku padha ora teka maneh ing dina Sabat.

22. Aku uga banjur mrentahake marang para wong Lewi supaya sesuci lan njaga gapura amrih sucine dina Sabat.Dhuh Allah kawula, Paduka mugi karsaa enget dhumateng kawula margi saking prakawis punika saha mugi karsaa paring kawelasan dhumateng kawula, miturut sih-susetya Paduka ingkang ageng!

23. Ing wektu iku aku uga mrangguli wong Yahudi sawatara kang wus ngalap bojo wong wadon Asdod, wong wadon Amon lan wong wadon Moab.

24. Saperangane anak-anake guneman nganggo basa Asdod utawa basane bangsa liya iku, lan ora ngreti basa Yahudi.

25. Wong iku padha daktutuh lan dakipat-ipati sarta ana sawatara kang padha dakgitiki sarta dakjambaki rambute lan padha dakkon sumpah demi Allah mangkene: “Poma aja ngomah-omahake anakmu wadon oleh anake lanang bangsa kuwi, lan poma aja ngalap anake wadon bangsa kuwi, kokolehake anak-anakmu lanang utawa kanggo kowe dhewe!

26. Sang Prabu Suleman, ratu ing Israel, rak uga dhumawah ing dosa marga saka anane lelakon kang kaya mangkono iku? Sanadyan ing antarane para bangsa pirang-pirang ora ana kang duwe ratu sing kaya panjenengane, kang kinasihan dening Gusti Allahe, apadene wus kajumenengake dadi ratune wong Israel kabeh dening Gusti Allah, ewasamono iya dhumawah ing dosa amarga katut marang garwane kang saka bangsa liyan iku.

27. Kang iku apa wong nganti kudu padha krungu anggonmu nglakoni duraka gedhe iku yaiku anggonmu padha ora setya marang Gusti Allah kita jalaran ngalap bojo wong wadon manca?”

28. Putrane Imam Agung Yoyadha bin Elyasib ana siji kang wus dadi mantune Sanbalat, wong Horoni, mulane daktundhung saka ing ngarepku.

maca bab lengkap Nehemya 13