Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 13:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing nalika iku perang-perangane kitabe Nabi Musa kawaca lan karungokake dening rakyat. Ing kitab kono tinemu ana tulisan kang mratelakake, manawa wong Amon lan wong Moab iku ing salawase ora kena lumebu ing pasamuwane Gusti Allah.

2. Amarga padha ora gelem mapag wong Israel kalawan suguhan roti lan banyu, nanging malah ngopahi Bileam supaya nglawan lan ngipat-ipati wong Israel. Nanging ipat-ipate iku diwalik dening Gusti Allah dadi berkah.

3. Bareng wong-wong padha krungu pamacane Toret iku, sakehing pranakan banjur padha dipisahake saka wong Israel.

4. Nanging sadurunge iku Imam Elyasib kang dipatah nglurahi kamar-kamar padalemaning Allahku, lan kang pasrawungane raket karo Tobia,

5. nyawisi Tobia mau kamar kang gedhe. Maune kamar iku kanggo nyimpen dhaharan, menyan lan piranti-piranti, apadene pisungsung prasapuluhan tumrap gandum lan anggur sarta lenga kang dadi hake para wong Lewi, para pasindhen, para jaga gapura, tuwin pisungsung mligi kang kanggo para imam.

6. Sajrone iku mau kabeh kelakon, aku ora ana ing Yerusalem, amarga ing taun kang kaping telung puluh lorone paprentahane Sang Prabu Artahsasta, ratu ing Babil, aku bali seba marang ing ngarsane Sang Prabu. Nanging sawuse sawatara mangsa aku nyuwun pamit maneh marang panjenengane.

7. Satekaku ing Yerusalem, aku banjur nyumurupi pratingkahe Elyasib anggone nguntungake Tobia, yaiku anggone nyawisi kamar ana ing plataraning padalemane Gusti Allah.

8. Iku ndadekake pegeling atiku, mulane sakehing barang darbeke Tobia dakbuwangi metu saka ing kamar mau.

9. Wasana aku mrentahake supaya kamar iku disucekake, nuli pirantine padalemaning Allah sarta kurban dhaharan lan menyan padha daklebokake mrono maneh.

10. Kajaba iku aku uga sumurup, yen para wong Lewi padha ora diwenehi cadhonge, temahan para wong Lewi mau dalah para pasindhen kang padha nduweni kawajiban dhewe-dhewe iku wus padha oncat lunga menyang ing bumine dhewe-dhewe.

11. Para kang nyekel pangwasa banjur padha daktutuh kalawan dakkandhani mangkene: “Yagene padalemane Allah kok koktegakake bae?” Para wong Lewi tumuli dakklumpukake sarta dakbalekake maneh menyang ing panggonane dhewe-dhewe.

12. Sakehe wong Yehuda banjur padha asok maneh pisungsung prasapuluhan tumrap gandum lan anggur tuwin lenga, kagawa menyang ing kamar pasimpenan.

13. Aku tumuli ngangkat lelurahing kamar pasimpenan, yaiku Imam Selemya lan Zadhok, ahli Toret lan Pedaya, wong Lewi, dene Hanan bin Zakur bin Matanya dakbiyantokake mrono amarga wong-wong iku padha dianggep setya. Kabeh padha dipasrahi kawajiban mranata bab anggone mandumi marang para sadulure.

14. Dhuh Allah kawula, Paduka mugi enget dhateng kawula awit saking prakawis punika, saha mugi sampun ngantos ngicalaken kasaenan ingkang sampun kawula lampahi tumrap padalemaning Gusti Allah kawula saha sakathahipun paladosan ing ngriku!

maca bab lengkap Nehemya 13