Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 10:26-32 Kitab Sutji (JAV)

26. Ahia, Hanan, Anan,

27. Malukh, Harim lan Baana.

28. Lan wong liyane yaiku: para imam, para wong Lewi, para jaga gapura lan para pasindhen, para abdi ing padalemaning Allah lan sakehing wong kang wus padha misah saka para bangsa kang manggon ing kono, banjur madhep marang angger-anggere Gusti Allah, mangkono uga bojone lan anak-anake lanang wadon lan uga sakhehe wong kang wus padha diwasa temah bisa mangreti.

29. Iku padha ngumpul karo sadulur-sadulure, yaiku para panggedhene. Padha prajanji kalawan supata yen bakal manut marang angger-anggere Gusti Allah kang diparingake lumantar Nabi Musa, abdine Gusti Allah iku, sarta bakal netepi lan ngestokake sakehing pepakene Sang Yehuwah, yaiku Gustiku kabeh, sarta saliring pranatan lan katetepane.

30. Apadene aku ora bakal padha ngomah-omahake anak-anakku wadon oleh wong bangsa kang manggon ing kono, tuwin iya ora ngalap anak-anake wadon dadi somahe anak-anakku lanang.

31. Lan manawa wong bangsa ing nagara kono padha nawakake dagangan utawa gandum warna-warna ing dina Sabat, mesthi padha ora daktuku, dadia ing dina Sabat utawa ing dina sengkeran liyane. Sarta maneh aku bakal padha ngetogake mangkono bae pametuning bumi ing taun kapitu lan ora bakal nagih piutang.

32. Sabanjure aku padha ngewajibake awakku dhewe kabeh, asok sapratelon sekel saben taun, kanggo pangibadah ana ing padalemane Gusti Allahku,

maca bab lengkap Nehemya 10