Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 1:7-11 Kitab Sutji (JAV)

7. Kawula sami sampun kalepatan sanget dhumateng Paduka sarta sami boten netepi ing pepaken, pranatan tuwin tatanan ingkang sampun Paduka dhawuhaken dhateng abdi Paduka Musa.

8. Paduka mugi ngengetana ing sabda Paduka ingkang sampun Paduka dhawuhaken dhumateng abdi Paduka Musa wau, inggih punika: “Manawa sira padha laku nasar, sira bakal padha Sunsebar ana ing antarane para bangsa.

9. Nanging manawa padha mratobat marang Ingsun sarta netepi lan nglakoni ing pepakeningSun, sanadyan wong panunggalanira iku padha anaa ing poncoting langit, mesthi padha Sunklumpukake saka ing kono lan Sungawa menyang ing panggonan kang wus Sunpiji kanggo padununganing asmaningSun.

10. Punika rak sami dados para kawula Paduka, inggih umat Paduka ingkang sampun Paduka luwari srana kasekten Paduka ingkang ageng saha asta Paduka ingkang rosa.

11. Dhuh Gusti Allah, talingan Paduka mugi nilingna dhateng pandonganipun abdi Paduka saha pandonganipun para kawula Paduka ingkang kanthi eklasing manah ngabekti dhateng asma Paduka, saha abdi Paduka mugi Paduka angsalna damel ing dinten punika saha manggiha sihpiwelasipun tiyang punika.”Ing wektu samana aku dadi juru pangunjukane Sang Prabu.

maca bab lengkap Nehemya 1