Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 1:3-10 Kitab Sutji (JAV)

3. Tembunge marang aku: “Tiyang-tiyang ingkang taksih manggen wonten ing ngriku lan boten katut katawan punika sami sanget ngrekaos gesangipun sarta dados cacadan. Balowartinipun Yerusalem sampun kabibrah tuwin gapuranipun sampun sami kabesmi.”

4. Bareng aku krungu pawarta mangkono iku, aku tumuli lungguh sarta nangis lan susah atiku nganti sawatara dina, karodene aku puwasa lan ndedongan ana ing ngarsane Gusti Allahe saindenging langit.

5. Unjukku: “Dhuh Sang Yehuwah, Gusti Allahipun saindenging langit, Paduka punika Gusti Allah ingkang Mahaagung sarta nggegirisi, ingkang ngantepi ing prasetyan saha ing sih-kadarmanipun tumrap ing tetiyang ingkang sami nresnani Panjenenganipun sarta netepi ing pepakenipun,

6. mugi talingan Paduka tumilinga saha paningal Paduka mugi nguninganana, supados miyarsakaken ing pandonganipun abdi Paduka, ingkang kawula unjukaken wonten ing ngarsa Paduka rinten lan dalu kangge para kawula Paduka, tiyang Israel, kalayan ngakeni dosa, ingkang sampun sami kawula lampahi dhumateng Paduka. Ugi kawula dalah kulawarga kawula inggih sampun sami damel dosa.

7. Kawula sami sampun kalepatan sanget dhumateng Paduka sarta sami boten netepi ing pepaken, pranatan tuwin tatanan ingkang sampun Paduka dhawuhaken dhateng abdi Paduka Musa.

8. Paduka mugi ngengetana ing sabda Paduka ingkang sampun Paduka dhawuhaken dhumateng abdi Paduka Musa wau, inggih punika: “Manawa sira padha laku nasar, sira bakal padha Sunsebar ana ing antarane para bangsa.

9. Nanging manawa padha mratobat marang Ingsun sarta netepi lan nglakoni ing pepakeningSun, sanadyan wong panunggalanira iku padha anaa ing poncoting langit, mesthi padha Sunklumpukake saka ing kono lan Sungawa menyang ing panggonan kang wus Sunpiji kanggo padununganing asmaningSun.

10. Punika rak sami dados para kawula Paduka, inggih umat Paduka ingkang sampun Paduka luwari srana kasekten Paduka ingkang ageng saha asta Paduka ingkang rosa.

maca bab lengkap Nehemya 1