Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 1:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Riwayate Sang Nehemya bin Hakhalya.Nalika panuju sasi Kislew, ing taun kang kaping rong puluh, nalika aku ana ing kadhaton Susan,

2. Hanani salah sawijine sadulurku nuli teka karo wong sawatara saka ing tanah Yehuda, banjur padha daktakoni bab kaanane wong Yahudi, yaiku kang ora padha katut katawan, kang bisa sumingkir saka ing panawaning mungsuh sarta kaanane Yerusalem.

3. Tembunge marang aku: “Tiyang-tiyang ingkang taksih manggen wonten ing ngriku lan boten katut katawan punika sami sanget ngrekaos gesangipun sarta dados cacadan. Balowartinipun Yerusalem sampun kabibrah tuwin gapuranipun sampun sami kabesmi.”

4. Bareng aku krungu pawarta mangkono iku, aku tumuli lungguh sarta nangis lan susah atiku nganti sawatara dina, karodene aku puwasa lan ndedongan ana ing ngarsane Gusti Allahe saindenging langit.

5. Unjukku: “Dhuh Sang Yehuwah, Gusti Allahipun saindenging langit, Paduka punika Gusti Allah ingkang Mahaagung sarta nggegirisi, ingkang ngantepi ing prasetyan saha ing sih-kadarmanipun tumrap ing tetiyang ingkang sami nresnani Panjenenganipun sarta netepi ing pepakenipun,

maca bab lengkap Nehemya 1