Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nahum 3:2-18 Kitab Sutji (JAV)

2. Rungokna cumethering pecut lan gumledheging rodha,rungokna playuning jaran kang pating kethoplak lan gumenjoting kreta-kreta!

3. Bala jaranan nempuhpedhange cumleretlan tumbake gumebyar!Akeh kang padha mati, jisim tumpukundhung,tanpa wilangan cacahe jisim,wong-wong nganti padha kesandhung ing jisim!

4. Iku kabeh marga saka akehe pasundelan kang katindakake dening wong wadon tuna-susila,kang endah warnane lan ahli sihir,kang ngloropake bangsa-bangsa srana anggone laku jina,lan golongan-golongan srana sihire.

5. Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi:“Lah Ingsun bakal nglawan marang sira,pojoking jaritira bakal Sunlingkabake nganti tekan ing rainira,sarta bakal mitontonake wewadinira marang bangsa-bangsa,lan kawiranganira marang karajan-karajan.

6. Ingsun bakal ngebyuki sesuker marang sira,sira bakal Sunanggep remehlan Sundadekake tontonan.

7. Nuli sakehe wong kang ndeleng sira,bakal lumayu ninggal sira, kalawan ngucap:“Niniwe wus rusak!Sapa kang mesakake marang dheweke?Saka ngendi anggonku oleh juru-panglipur kanggo dheweke?”

8. Apa sira kinacek karo Tebe, kuthaning Dewa Amon,kang ana ing sacedhake bengawan Nilkang kinubengan ing banyu,kang baluwartine sagara,lan betenge banyu?

9. Etiopia iku dadi sumbering kakuwatane,uga Mesir, kalawan tanpa wates;Put sarta para wong Libia padha dadi pambantune.

10. Nanging iku dhewe uga kapeksa kaparakake menyang ing pambuwangan,kapeksa padha lumebu ing tawanan.Bayi-bayine padha dikeplekakeana ing pojoking sakehe lelurung,para wong kang kajen keringan padha kaundhi,lan para panggedhene padha kablenggu kabeh nganggo rante.

11. Sira uga bakal mendem,lan bakal padha tanpa daya;sira uga bakal ngupaya papan pangungsenmarga saka ananing mungsuh.

12. Sakehe betengira iku kaya wit anjirkang wohe mateng kedadak;samangsa dierog, wohe nibanicangkeme wong kang arep mangan.

13. Lah, bala kang ana ing satengahira ikuwadon-wadon;mungsuhira padha kawengananing gapurane nagaranira nganti njeblag,slarake padha kamangsa ing geni nganti entek.

14. Padha ngangsua banyu, kanggo cepakan samangsa dikepung,betengira padha santosanana!Ngidaka blethok,ngidaka lempung,gondhelana cithakan bata!

15. Sira bakal entek kamangsa ing geni ana ing kana,bakal katumpes ing pedhang,kang mangsa sira kaya walang lumpatan.Sanadyan cacahira akeh kaya walang lumpatan,lan kaya walang alih-alihan,

16. sanadyan wongira dagang sira dadekake akehngluwihi lintang-lintang ing langit pisan,wong-wong iku bakal padha kaya walang lumpatan kang ngegarake swiwine nuli mabur nggeblas.

17. Sanadyan wongira kang padha jaga cacahe kaya walang alihanlan para punggawanira kaya walang grombolankang padha mencok ing tembok-temboking mangsa atis,nanging bareng srengenge mlethek,banjur padha ngilang,ora kasumurupan panggonane.

18. He, raja ing nagara Asyur, cilaka sira!Para pangonira wus padha turu kepati!Para pangarepira padha keturon,wadya-balanira padha pating slebarana ing gunung-gunung, lan ora ana kang nglumpukake.

maca bab lengkap Nahum 3