Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nahum 3:14-19 Kitab Sutji (JAV)

14. Padha ngangsua banyu, kanggo cepakan samangsa dikepung,betengira padha santosanana!Ngidaka blethok,ngidaka lempung,gondhelana cithakan bata!

15. Sira bakal entek kamangsa ing geni ana ing kana,bakal katumpes ing pedhang,kang mangsa sira kaya walang lumpatan.Sanadyan cacahira akeh kaya walang lumpatan,lan kaya walang alih-alihan,

16. sanadyan wongira dagang sira dadekake akehngluwihi lintang-lintang ing langit pisan,wong-wong iku bakal padha kaya walang lumpatan kang ngegarake swiwine nuli mabur nggeblas.

17. Sanadyan wongira kang padha jaga cacahe kaya walang alihanlan para punggawanira kaya walang grombolankang padha mencok ing tembok-temboking mangsa atis,nanging bareng srengenge mlethek,banjur padha ngilang,ora kasumurupan panggonane.

18. He, raja ing nagara Asyur, cilaka sira!Para pangonira wus padha turu kepati!Para pangarepira padha keturon,wadya-balanira padha pating slebarana ing gunung-gunung, lan ora ana kang nglumpukake.

19. Cacadira iku ora ana tambane,lan tatunira wus ora bisa mari,sakehe wong kang krungu bab kaananira,padha keplok-keplok marga saka sira iku,awit sapa bae kang ora ketaman ingpialanira terus-terusan?

maca bab lengkap Nahum 3