Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nahum 2 Kitab Sutji (JAV)

1. Lah ana juru pangrusak kang nekani kowe,nganakna pajagan ana ing beteng ngungaka ing dalan,lambungira sabukana kang kenceng,nglumpukna sakehe kekuwatan!

2. Lah Sang Yehuwah mbangun maneh kaluhurane Rama Yakub,kaya kaluhurane Rama Israel,amarga wus karusak dening juru pangrusakepange wus padha kasempalan.

Mungsuh ngrusak Niniwe

3. Tamenge para pahlawane warnane abang,para prajurite padha manganggo abang jingga,kretane abyor mengangah kaya geni suluhing dina anggone karakit;sarta jaran-jaran padha katon goreh.

4. Kretane mbalap ana ing dalan,ana ing papan tenggar susul-sumusul,katone kaya obor,playune kaya kilat.

5. Wadya-bala kang pinunjul diangkatake,nanging padha tiba kejengklok nalika lagi maju,padha mlayoni baluwartining kutha kalawan kesusu,dene piranti kanggo njebol wus kaedegake.

6. Gapura-gapuraning kali-kali wus padha kabukak,sarta kedhatone banjur geger.

7. Sang Prameswari digawa metu lan dilukari,lan para abdine wadon padha nggluruhkaya pambekuring manuk dara,klawan tebah-tebah dhadha.

8. Niniwe dhewe iku prasasat kaya blumbangkang banyune mili metu.Ana wong kang nguwuh-uwuh:“Mandhega, mandhega!”nanging ora ana kang noleh.

9. Padha ngrayaha salaka, ngrayaha mas,awit tanpa wilangan simpenane raja-brana,prabot-prabot kang endah kehe ora karuwan.

10. Wus ludhes, pandhes, nandhes!Ati nglentrih, dhengkul oklak-aklik,lambunge gumeter kabeh,raine wong kabeh padha pucet tanpa guwaya.

11. Ana ing ngendi ta pandhelikane singalan guwane singa-singa nom,panggonane singa klinteran,papaning anak singa, kang ora kaganggu-gawe dening wong?

12. Singa iku lumrahe ndedekep kanggo nyukupi pangane anak-anake,lan nekak memangsan kanggo sing wadon,sarta ngebaki guwane kalawan panganlan pandhelikane kalawan dedekepane.

13. Pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah:“Lah! Ingsun bakal nglawan marang sira,nuli sakehe kretanira bakal Sunobong nganti dadi kukus,lan singanira nom bakal padha kamangsa ing pedhang nganti entek;sarta memangsanira bakal Sunsirnakake saka ing bumi,swarane para kongkonanira bakal ora keprungu maneh.”