Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nahum 1:10-14 Kitab Sutji (JAV)

10. Sabab wong-wong iku bakal sirna kaya eri kang bulet-buletan,bakal kamangsa nganti entek kaya dami kang garing.

11. Saka ing sira rak jumedhulwong kang ngrancang-ngrancang piala nglawan marang Sang Yehuwah,sarta kang aweh pitutur kadursilan, ta?

12. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:“Sanadyan wong-wong iku wutuh lan akeh banget cacahe,ewasamono bakal padha sirna kababatan lan mati.Sanadyan Ingsun wus ngesorake sira,nanging sira ora bakal Sunesorake maneh.

13. Saiki Ingsun bakal mutung pasangane kang ngebot-eboti sira,lan Ingsun bakal medhoti blenggu-blenggu kang mbanda sira.”

14. Tumrap kowe, Pangeran Yehuwah ngandika mangkene:“Ora ana turun kang bakal nganggo jenengira maneh;sakehe recanira ukiran lan cor-coranbakal padha Sunsirnakake saka ing papane allahira.Ingsun bakal nyawisake kuburanira, awit sira iku asor.”

maca bab lengkap Nahum 1