Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nahum 1:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Wangsit tumrap Niniwe. Kitab bab wahyune Nabi Nahum, wong Elkosy.

2. Pangeran Yehuwah iku Allah kang butajengan lan pemales,Pangeran Yehuwah iku pemales sarta kebak bebendu kang mulad-mulad,Pangeran Yehuwah paring piwales marang para satrune,sarta terus bae dukane marang para mengsahe.

3. Pangeran Yehuwah iku gedhe sabare lan pinunjul pangwaose,nanging ora pisan-pisan wong kang salah linuputake saka ing paukuman.Panjenengane tindak ana ing sajroning lesus lan prahara,sarta mendhung iku lebuning sampeyane.

4. Sagara didukani temah dadi asat,lan sakehe kali padha kadadekake garing,Basyan lan Karmel padha dadi nglayungtetuwuhan ing Libanon padha alum.

5. Gunung-gunung padha gumeter ana ing ngarsane,lan tengger-tengger padha leleh.Bumi dadi sepi mamring ana ing ngarsanedalah jagad lan kang padha ngenggoni kabeh.

6. Sapa kang kuwat nadhahi bebendune?Sarta sapa kang bisa tetep ngadeg jejeg samangsa mulad-mulad bebendune?Bramatyane kaesokake kaya geni,tuwin gunung parang nganti padha jugrug.

7. Pangeran Yehuwah iku asih-darma,dadi papan pangungsen ing dina karubedan;Panjenengane uninga marang para wong kang ngungsi marang Panjenengane

8. sarta nyabrangake wong-wong iku nalika pinuju banjir gedhe.Nanging numpes nganti tapiswong kang padha nglawan Panjenengane,tuwin para mungsuhe padha kagiring kaparakake marang pepeteng.

9. Apa karepmu nglawan marang Sang Yehuwah iku?Panjenengane bakal nyirnakake babar pisan;para mungsuhe ora bakal bisa ngadeg maneh.

10. Sabab wong-wong iku bakal sirna kaya eri kang bulet-buletan,bakal kamangsa nganti entek kaya dami kang garing.

11. Saka ing sira rak jumedhulwong kang ngrancang-ngrancang piala nglawan marang Sang Yehuwah,sarta kang aweh pitutur kadursilan, ta?

12. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:“Sanadyan wong-wong iku wutuh lan akeh banget cacahe,ewasamono bakal padha sirna kababatan lan mati.Sanadyan Ingsun wus ngesorake sira,nanging sira ora bakal Sunesorake maneh.

maca bab lengkap Nahum 1