Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Musthikaning Kidung 8:9-14 Kitab Sutji (JAV)

9. Saupama temboka,bakal dakdokoki payon salaka ing dhuwure,saupama lawanga,bakal daketrapi palang kayu eres.

10. -- Aku iki tembok,lan payudaraku kaya menara.Ana ing paningale wektu ikuaku kaya wong kang wus oleh kabegjan.

11. Sang Prabu Suleman kagungan pakebonan anggur ana ing Baal-Hamon.Pakebonan anggur iku dipasrahake marang wong kang padha rumeksa,minangka oleh-olehane siji-sijine ngaturake dhuwit salaka sewu.

12. Pakebonan anggur kawula, gadhahan kawula piyambak,wonten ing ngarsa paduka,kagem panjenengan dalem arta sewu punika,dhuh Sang Prabu Suleman,lan ingkang kalih atus kangge tiyang-tiyang ingkang ngrimati wohipun.

13. -- Heh kang manggon ana ing taman,kanca-kanca padha nggatekake swaramu,aku iya rungonana!

14. -- Dhuh kekasih kawula,Paduka mugi enggal karsaa tumindak kadosdene kidang,utawi kadosdene anak sangsamwonten ing redi-redi taneman anggi-anggi.

maca bab lengkap Musthikaning Kidung 8