Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Musthikaning Kidung 8:3-7 Kitab Sutji (JAV)

3. Astane kang kiwa nyangga sirahku,astane tengen ngrangkul aku.

4. He para putri ing Yerusalem,kowe padha daksupatani,kena apa kowe padha nggugah lan ngobahakekatresnan sadurunge dikarepake?

5. Sapa kae kang jumedhul saka ing ara-ara samun,kang lendheh-lendheh ing kekasihe?Kowe dakgugah ana ing sangisoring wit apel,ana ing kono anggone ibumu ngandhut kowe,ana ing kono anggone ibumu ngandheg lan nglairake kowe.

6. -- Kawula mugi Paduka prenahaken wonten ing panggalih paduka,kados cap wonten ing asta Paduka,amargi katresnan punika santosa kadosdene pejah,asmara punika mempengipun kadya jagading pejah,mulad-muladipun kados urubing latu,kados mulad-mulading latunipun Sang Yehuwah!

7. Toya agung boten saged nyirep tresna,lepen-lepen boten saged ngentiraken.Saupami wonten tiyang ingkang ndanakaken sakathahing barang-darbekipun ingkang wonten ing griyanipun kadamel nebus katresnan,temtu namung badhe karemehaken kemawon.

maca bab lengkap Musthikaning Kidung 8