Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Musthikaning Kidung 6:7-13 Kitab Sutji (JAV)

7. Pilinganmu kaya woh dlima sinigar,ana ing ngisoring kudhungmu.

8. Prameswarine ana sewidak,ampile wolung puluh,lan para kenya tanpa wilangan cacahe.

9. Nanging mung dheweke kang dadi manukku dara, idham-idhamanku,putrane ibune kang ora ana tunggale,kang kinasihan dening kang nglairake,para putri padha ndeleng lan ngarani begja,para prameswari lan para ampil padha ngalembana.

10. “Sapa kae kang jumedhul kadya bangbang wetan,endah lir wulan purnama,sumunar kaya surya,ngebat-ebati kaya balatantra kalawan tunggule?”

11. Aku mudhun menyang pakebonan kenari,ndeleng kuncup-kuncup ing lebak,niliki apa wite anggur wus kuncuplan wit-wite dlima apa wis kembang.

12. Aku ora eling,kangenku nglungguhake aku ana ing karetane wong luhur.

13. Dhuh prawan Sulam, balia, balia,balia, balia, supaya aku padha bisa nyawang kowe.Kena apa kowe seneng nyawang prawan Sulam ikukaya nonton beksan perang?

maca bab lengkap Musthikaning Kidung 6