Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Musthikaning Kidung 3:3-8 Kitab Sutji (JAV)

3. Aku kepethuk para wong rondha ing kutha.“Punapa sampeyan sumerep ingkang dados gantilaning manah kula?”

4. Lagi bae aku padha ungkur-ungkuran karo para wong rondha mau,aku ketemu karo gantilaning atiku;banjur dakcandhak lan ora dakculculake,nganti dakkanthi menyang ing daleme ibuku,ing kamare kang nglairake aku.

5. He, para putri ing Yerusalem, kowepadha daksupatani;demi kidang-kidang lan menjangan-menjangan ing ara-ara:Kowe aja padha nggugah lan ngobahake katresnansadurunge dikarepake.

6. Lah apa ta iku kang kumelun saka ing ara-ara samunkaya kumebuling kukuskasaput ing wangining mur lan menyanlan uwur wangi warna-warna saka wong dagang?

7. Lah iku joli titihane Sang Prabu Suleman,ginarebeg ing prawira sawidak,saka panunggalane para prawira ing Israel.

8. Kabeh padha asikep pedhang,lanteh ing perang,kabeh padha nyengkelit pedhang,marga saka pagirising wayah bengi.

maca bab lengkap Musthikaning Kidung 3