Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Musthikaning Kidung 3:3-7 Kitab Sutji (JAV)

3. Aku kepethuk para wong rondha ing kutha.“Punapa sampeyan sumerep ingkang dados gantilaning manah kula?”

4. Lagi bae aku padha ungkur-ungkuran karo para wong rondha mau,aku ketemu karo gantilaning atiku;banjur dakcandhak lan ora dakculculake,nganti dakkanthi menyang ing daleme ibuku,ing kamare kang nglairake aku.

5. He, para putri ing Yerusalem, kowepadha daksupatani;demi kidang-kidang lan menjangan-menjangan ing ara-ara:Kowe aja padha nggugah lan ngobahake katresnansadurunge dikarepake.

6. Lah apa ta iku kang kumelun saka ing ara-ara samunkaya kumebuling kukuskasaput ing wangining mur lan menyanlan uwur wangi warna-warna saka wong dagang?

7. Lah iku joli titihane Sang Prabu Suleman,ginarebeg ing prawira sawidak,saka panunggalane para prawira ing Israel.

maca bab lengkap Musthikaning Kidung 3