6. Amarga aku nandhang lara asmara.Astane kiwa ana ing ngisoring sirahku,astane tengen ngrangkul aku.
7. He, para putri ing Yerusalem, kowe padha sunsupatani,demi kidang-kidang utawa menjangan wadon ing ara-ara;kowe aja nggugah lan ngobahake katresnan, sadurunge dikarepake!
8. Rungokna! Kekasihku!Sawangen rawuhe,mlumpat-mlumpat ing gunung-gunung,mencolot-mencolot ing tengger-tengger!
9. Kekasihku iku kaya kidang,utawa anak menjangan.Delengen, panjenengane jumenenging saburining tembok kita,kambi ngungak-ungak liwat cendhela-cendhelalan nginjen ing ruji-ruji.
10. Kekasihku wiwit ngandika marang aku:“Tangia, memanisku,mrenea, intenku!
11. Awitdene delengen, mangsa atis wis kliwat,udane wis terang, lan wis kepungkur.
12. Ing pategalan wis katon kembang-kembang,wis mangsane methik;anggunge perkutut wis keprungu anaing tanah kita.
13. Wit anjir wiwit awoh,lan kembanging wit anggur ngambar gandane.Tangia, memanisku,mrenea, intenku!
14. Manukku dara ana ing lowahan-lowahaning parang,ana ing pandhelikan ing ereng-erenging gunung,pamerna paraupanmu,wetokna suwaramu;amarga arum suwaramu,lan endah warnamu!”
15. Aku padha cekelna asu wawar iku,asu wawar kang cilik,kang ngrusak pakebonan anggur,pakebonan anggurku kang nedhenge kembang!