Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Musthikaning Kidung 1 Kitab Sutji (JAV)

1. Musthikaning Kidung anggitane Sang Prabu Suleman.Aku muga ingarasana kalawan pangarasing lathine!

Panganten putri lan para putri ing Yerusalem

1:2-8

2. Amargi katresnan Paduka punika nikmatipun nglangkungi anggur,

3. lisah Paduka wangi gandanipun,asma Paduka kadya lisah ingesok,milanipun para kenya sami tresna dhumateng Paduka.

4. Kawula mugi Paduka gendeng ing pengkeran Paduka,sumangga sami enggal-enggal tindak!Sang Prabu wus mbekta aku menyang ing jero kadhatone.Kawula sami badhe surak-surak lan sukarena margi saking Paduka,kawula sami badhe ngalembana sih Paduka ingkang ngungkuli anggur!Sampun samesthinipun sami tresna dhumateng Paduka!

5. Dhuh para putri ing Yerusalem,pancen pakulitanku ireng, nanging manis,kadi kemahe bangsa Kedar,lir klambu-klambune wong Salma.

6. Aja kokgatekake anggonku ireng,amarga sumeleting surya nggesengake aku.Putra-putrane ibuku padha muring-muring marang aku,aku didadekake panjaga pakebonan anggur,pakebonane anggurku dhewe ora dakopeni.

7. Dhuh gantilaning nalaningwang, kawula mugi Paduka wartosi,wonten ing pundi anggen Paduka angen menda,wonten ing pundi anggen Paduka mlegungaken pepanthan Paduka ing wanci dalu?Awit punapaa dene kawula ngantos kados tiyang nglembara celak pepanthanipun menda mitra-mitra Paduka?

8. Dhuh wanita kang sulistya dhewe ana ing satengahe para wanita,manawa kowe durung sumurup,ngetutna tapak-tapake wedhuslan angona cempe-cempemuing sacedhaking pakemahane para pangon.

Penganten kakung lan penganten putri alem-ingalem sesauran

1:9--2:7

9. -- Dhuh kekasihku, kowe sunupamakake jarane wadon karetatitihane Sang Prabu Pringon.

10. Pipimu katon endah ingapit rerenggan,mangkono uga gulumu kang kinalungan.

11. Kowe arep dakyasakake rerenggan-rerenggan emaskalawan menuran selaka.

12. -- Sasuwene Sang Prabu lenggah dhahar,naredku amrik gandane.

13. Kekasihku iku tumraping aku kaya mur sabuntel,sumelip ing antarane payudaraku.

14. Kekasihku iku tumraping aku kaya kembang pacar sadhompol,ing pakebonan anggur ing En-Gedhi.

15. -- Lah memanisku, kowe iku sulistya,sanyata endah ing warna kowe iku,mripatira pindha manuk dara.

16. -- Dhuh kekasih kawula, Paduka punika bagus,saestu nenarik manah,pasarean kita punika saestu sakeca.

17. Griya kita punika balok-balokipun kajeng eres,gebyogipun kajeng eru.