Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mikha 7:6-15 Kitab Sutji (JAV)

6. Dene anak lanang ngremehake bapakne,anak wadon nglawan biyunge,mantu wadon nglawan maratuwane wadon,kang dadi mungsuh iku wong-wong kang tunggal saomah.

7. Nanging aku bakal ngarep-arep marang Pangeran Yehuwah,nganti-anti marang Gusti Allah kang paring karahayon marang aku,Allahku mesthi bakal nyembadani aku!

8. He mungsuhku, aja bungah-bungah ing ngatase aku!Sanadyan aku tiba, mesthi bakal ngadeg maneh,dadia linggih ana ing pepeteng pisan,Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhangku.

9. Aku bakal nyangga bebendune Sang Yehuwah,awit aku wus gawe dosa marang Panjenengane,nganti Panjenengane ngrampungake prakaraku,sarta paring adil marang aku,aku bakal katuntun menyang pepadhang,satemah aku bakal ngrasakake kaadilane.

10. Mungsuhku bakal nyipati iku,satemah bakal nutupi raine kalawan nandhang wirang,kang duwe ujar marang aku:“Ana ing ngendi Pangeran Yehuwah Allahmu?”Mripatku bakal nyawanganggone wong iku kaidak-idak kaya blethok ing lurung.

11. Bakal tumeka ing titi-mangsane balowartimu bakal kabangun maneh,ing dina iku wewengkonmu bakal kajembarake.

12. Ing dina iku wong bakal ngadhep marang kowe,wiwit wong kang saka Asyur nganti tekan kang saka ing Mesir,lan wiwit saka ing Mesir nganti tekan ing bengawan Efrat,saka sagara kang siji tekan sagara sijine,sarta wiwit ing gunung kang siji tekan ing gunung sijine.

13. Nanging bumi bakal dadi ludhes marga saka kang ngenggoni,iku wohe panggawene.

14. Paduka mugi karsaa ngengen umat Paduka klayan teken Paduka,inggih menda kagungan Paduka piyambak,ingkang sami kepencil manggen ing wana,ing satengahing kebon wowohan,mugi sami nyengguta wonten ing Basyan lan ing Gilead,kados nalika ing jaman rumiyin.

15. Kados nalika Paduka miyos saking Mesir,kawula mugi sami kaparingana sumerep bab kaelokan-kaelokan!

maca bab lengkap Mikha 7