Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mikha 7:17-20 Kitab Sutji (JAV)

17. Kareben padha ndilat lebu kaya ula,kaya kewan kang gumremet ing bumi;kareben padha metu saka ing betenge kalawan giris,sarta padha sowan marang ing ngarsane PangeranYehuwah Allah kita, kalawan gumeter,kalayan ajrih dhateng Paduka.

18. Allah ingkang pundi ingkang nyameni Paduka,ingkang ngapunten dosa,saha ingkang ngapunten panerakipun kekantunaning bangsa kagunganipun piyambak:ingkang boten saged tahan dhateng bebendunipun ing salajengipun,nanging ingkang rena dhateng sih-palimirma?

19. Panjenengane bakal paring kawelasan maneh marang kita,lan nglebur kaluputan-kaluputan kita,sarta mbucal sakehing dosa kita,menyang ing telenging sagara.

20. Paduka mugi karsaa ngatingalaken kasetyan Paduka dhateng Rama Yakub,saha sih-palimirma Paduka dhateng Rama Abrahamkados ingkang sampun Paduka prasetyakakenklayan supaos dhateng para leluhur kawulawiwit ing jaman kina!

maca bab lengkap Mikha 7