Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mikha 7:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Adhuh cilaka aku iki!Awit kaananku kaya samangsa ngundhuh woh-wohan ing mangsa ketiga,utawa kaya samangsa ngasag woh anggur,ora oleh woh anggur kang kena dipangan,utawa woh anjir kang daksenengi.

2. Wong mursid wus sirna saka ing nagara,lan ing antarane para manungsa wus ora ana kang jujur,kabeh padha ngincer getih,siji lan sijine padha genten ngarah nyekel srana kalajiret.

3. Tangane padha agahan nindakake piala,panggedhe memundhutlan hakim ngarah besel;para panggedhe padha damel putusan sakarsa-karsane,lan angger-angger padha dienggak-enggokake.

4. Panunggalane kang becik dhewe ing antarane iku kaya grumbul eri,kang jujur dhewe ing antarane kaya pager eri,dinane pangincermu, dina tibaning paukumanmu wus cedhak,saiki bakal wiwit ana pagiris ing antarane wong-wong iku.

5. Aja ngandel marang mitra,aja pasrah marang kanca,jaganen lawanging cangkemmutumrap wong wadon kang leyeh-leyeh ing pangkonmu.

6. Dene anak lanang ngremehake bapakne,anak wadon nglawan biyunge,mantu wadon nglawan maratuwane wadon,kang dadi mungsuh iku wong-wong kang tunggal saomah.

7. Nanging aku bakal ngarep-arep marang Pangeran Yehuwah,nganti-anti marang Gusti Allah kang paring karahayon marang aku,Allahku mesthi bakal nyembadani aku!

8. He mungsuhku, aja bungah-bungah ing ngatase aku!Sanadyan aku tiba, mesthi bakal ngadeg maneh,dadia linggih ana ing pepeteng pisan,Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhangku.

9. Aku bakal nyangga bebendune Sang Yehuwah,awit aku wus gawe dosa marang Panjenengane,nganti Panjenengane ngrampungake prakaraku,sarta paring adil marang aku,aku bakal katuntun menyang pepadhang,satemah aku bakal ngrasakake kaadilane.

10. Mungsuhku bakal nyipati iku,satemah bakal nutupi raine kalawan nandhang wirang,kang duwe ujar marang aku:“Ana ing ngendi Pangeran Yehuwah Allahmu?”Mripatku bakal nyawanganggone wong iku kaidak-idak kaya blethok ing lurung.

11. Bakal tumeka ing titi-mangsane balowartimu bakal kabangun maneh,ing dina iku wewengkonmu bakal kajembarake.

maca bab lengkap Mikha 7