Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mikha 6:8-16 Kitab Sutji (JAV)

8. He manungsa, kowe wus kaparingan sumurup apa kang becik,lan apa kang dadi pepundhutane Pangeran Yehuwah marang kowe:kajaba mung tumindak adil,lan tresna marang laku setya,apamaneh andhap-asor ana ing ngarsane Allahmu!”

9. Rungokna, Pangeran Yehuwah nguwuh marang kutha:-- wedi marang asmane iku kawicaksanan. --“Padha ngrungokna, he, talering bangsa lan wong kutha!

10. Ingsun mangsa kasupena marang raja-brana kang saka kadursilan ing omahe wong duraka,lan marang takeran efa kang cidra sarta kang kena ing ipat-ipat iku!

11. Apa iya Ingsun kendel bae ora paring paukumanmarang wong kang nggawa traju palsu,utawa kanthong isi watu timbangan kang cidra?

12. Wong-wong sugih ing kutha iku padha kebak panganiaya,wong kang manggon ing kono padha ngucapake paracidra,sarta ilate ing cangkeme iku tukang ngapusi.

13. Mulane sira Sungebagi,sira Sundamel samun marga saka dosanira

14. Sira bakal mangan, nanging ora bisa dadi wareg,sarta wetengira ajeg ngamuk marga luwe;sira bakal nyingkirake apa-apa,nanging ora bisa nyimpen,sarta sapira kang sira simpen,iku bakal Sunulungake marang pedhang.

15. Sira bakal nyebar wiji, nanging ora ngundhuh,bakal meres woh jaitun,nanging ora bisa nganggo lengane;lan iya mipit woh anggur,nanging ora ngombe anggure.

16. Awitdene pranatane Omri kang sira tetepi,sarta pokale brayate Akhab kang sira tiru,apadene rancangane kang sira tindakake:satemah sira Sundadekake samun,lan para wongira Sundadekake poyokan;kalawan mangkono sira bakal nyangga panacading para bangsa.”

maca bab lengkap Mikha 6